Pages

Sunday, 2 June 2013

U(langan)JIAN A(tek)KHIR S(inau)EKOLAH

Esuk-esuk mau aku tangi turu langsung mbejidat ubrek-ubrek bukuku. Nggoleki Jadwal UAS. Wes salah mene dino Senin. Aku loh males nek moro-moro wes Senin. Untunge mene UAS, dadi ga perlu apel-_- Bengi iki paling dadi bengi terakhir aku nge-post. Masalahe aku kudu sinau rek. Nah, nang bengi sing adem-e Masya Allah iki aku kate bahas masalah UAS. UJIAN ATEK SINAU!!

UAS iku dadi perang akhir nek kate munggah kelas. Kon gak tau ngerti repote dadi arek kelas siji SMA pas kate UAS. Yo bingung nggolek pensil 2b, penghapus, bolpen, sing wes -mesti- ilang ket pertama melbu. Bayangno, bolpen nang ndukur mejo..terus ditinggal sing nduwe nggosip karo konco nang mburone. Yowes, wassalam, bolpen ilang. Terus yo UAS taun iki pas karo repot-repote aku. Aku gak kate bahas yaopo repotku, soale aku ngerti kon pasti gak kepengen weruh. Durung maneh UAS dino pertamaku iku......Matematika karo Penjas. Pecah utekku.

Bedane UAS karo Ulangan Harian iku mek siji. SINAU. Nek UAS iku sinaune nemen, sampek diewangi tangi subuh gawe sinau. Nek UH iku wes...iso gaiso urusan kari. Sing penting ono buku catetan, lks, karo buku paket nang loker iku wes aman. Terus karo hape sisan. Woosss, JOOSS wes!! Nah lak lucu seh nek misale pas UAS, kon kepek ngerepek? Palingan yo kertas ulanganmu disuwek. Yo sek untung-untungan timbang wong tuwamu diceluk nang sekolah. Ancur repurtasimu. Pole gasido ditukono Sepatu karo ibukmu, xob.

Cek UAS-mu iso lancar turutono saran iki :
1) Ojo nggawe pensil sing kelancipen opo sing gak lancip. Sedengan ae
2) Nggowo papan alas sing iso dikei kertas hvs akeh.
3) Nang kertas hvs sing terakhir tulisono repekan opo rumus2 sing dibutuhno gawe nggarap ulangan
4) Ojo lali ndungo sek. Pertama cek jawabane bener kabeh, keloro cek pas ngerepek gak kepek
5) Pura-purao iso nggarap. Dadi ojo terus2an mbolak-mbalik kertas hvs mau. Iku nggarai pengawas curiga
6) Oh yo, ndungo cek pengawase iso dijak kerja sama
7) Terakhir, ndungo sing akeh cek konco2mu isok dijak kerja sama bareng karo kon.

Dadi intine, sing dibutuhno pas UAS iku yo mek papan alas, pensil, penghapus, kertas hvs, guru sing ngerti, karo kerja samane koncomu. Nek gaono iku kabeh yowes modar kon, xob. Wes sakmene ae. Tak dungano kabeh iso munggah kelas, amin. Ojo lali bancaan nek wes munggah kelas....

No comments:

Post a Comment