Halo rek, yaopo kabarmu? Sing wes duwe pacar, yaopo karo
pacare? Wes putus ta durung? Sing sek single yaopo? Wes duwe pacar ta durung?
Nek durung entenono arek sing wes duwe pacar iku mau putus karo pacare. Opo?
Aku yo ngerti kok nek kon wes ngenteni suwe. Sing sabar ae yo, xob^^
Nang jaman modern ngene iki, sing jenenge socmed iku wes
maceme akeh. Ono twitter, facebook, blog, youtube, soundcloud, foursquare,
instagram, path, wes akeh pokoe. Nah, saiki sing paling ngetren gara-gara
socmed iku…SINDIR-SINDIRAN NANG SOCMED. Kon-kon pasti tau kan nyindir wong,
mboh iku koncomu, pacarmu, dulurmu, babumu, bahkan presiden nang akun socmed-mu
kan? Opo? Kon gak tau? Munafik cuk raimu. Aku ae tau nyindir-nyindir. Aku gak
munafik xob. Oke, mbalik nang awal. Aku kate bahas “OPO SEH UNTUNGE NGONO
IKU?”. Sakjane nang socmed iku yo gak gawe nyindir wong tok, kadang yo ono sing
KODE-KODE nang gebetan cek ndang peka. Tapi asline kode karo sindir iku podo ae
lek jareku.
Wes, ojo nyangkem ae. Tak ke’i sisi apik karo eleke KODE karo
SINDIRAN…
1)
KODE
Lapo kok dijenengno kode? Soale cek iso
dipecahno karo sing dikode. Yaopo nek sing dikode gaiso mecahno? Yo gampang,
bantingen ae lak wes pecah. Pecah ndasmu maksude. Gak arek SMA, SMP, SD loh yo
wes ngerti opo iku Kode. Opo maneh sing sering ngekei kode. Pasti iso njelasno
artine kode. Gawe kabeh wong, artine kode iku seje-seje. Yo nek jareku, iku
mau, sing nang ndukur. Kon ngerti gak? Kode iku gak kabeh negatif. Ono
positife.
Kode sing negatif iku nang njerone wes jelas
emosi, ditambahi misuh. Iku kode negatif. Contone “Cuk, mboh kon konco model
opo? Nyawat watu teko mburi” ; “A to the SU, ASU” ; “Gak duwe duit ae gayane
koyo wong sugih” ; “Pengenne dadi moodbooster, eh ono moodbreaker lewat”. Wakeh
contone. Koncomu pasti ono sing tau ngene. Tapi sakjane iku gak apik xob. Yo
nek koncomu ngerti kon ancen ngene, yo gak popo. Tapi lek areke gak ngerti, iso
stroke, mati, kon dipenjara. Biasane sing akeh-akehe ngene wedok. Eh lanange
ojo seneng dhisik. Kon sisan, nang..lanang-_- Moso yo gaono cara liyo? Tapi
sing nggawe cara ngene iki biasane licik. Lapo gak langsung disebutno sisan
jenenge arek sing dimaksud? Cek lang enak. Tukaran..yo tukaran. Dadi cek gaono
sisa-sisa roso nang njero atimu, xob.
Kode sing positif iku kode sing bahasane
luwih alus, ditoto, areke iku seolah-olah sek iling nek areke iku menungso.
Contone : “Ya emang manusia tak luput dari kesalahan, aku paham” ; “Hargai
kita, rek” ; yo dsb wes. Kan lek ngene kesane luwih enak gawe diwoco. Timbang
iku mau. Yo kan?
Eh tapi, kode iku akeh-akeh digawe wong sing
gak peka karo perasaane arek sing nyenengi. Sak ilingku……mboh aku lali tau
ngene gak yo._. Contone..yo kon ero dewe lah. Mboh, aku bingung nek ngekei
contoh gawe iki. Intine nek kon ancen pengen koncomu iku peka, ngerti karepmu,
wes kari disebutno jenenge sisan ae. Kan gampang. Tapi yo ojo kasar-kasar, kan
iku sek koncomu sisan.
2)
SINDIRAN
Persis karo sing tak omongno mau, sindiran
karo kode iku sakjane podo. Tapi sindiran iku luwih podo nang kode negatif.
Dadi gak perlu tak jelasno maneh kan opo sisi negatife? Aku mek njelasno sisi
positife ae. Sisi positife sindiran iku iso nggawe wong sing disindir sadar nek
wonge iku duwe salah karo sing nulis sindiran.
Teko sak kabehe, sakjane podo-podo gak apik,
xob. Nek misale ancen kon duwe masalah, diomongno apik-apik ae. Gak usah atek
nyindir. Opo nek misale kon seneng arek, terus areke gak peka, gak usah di
kode. Langsung ngomong ae nek kon tresno karo areke. Dadi, dusomu iku gak
sepiro akeh. Kon ero kan saiki? Padahal, masio kon ngoceh gak jelas, iku yo
rasane sek rodo mangkel. Dadi, gak ono untunge nek kon nyangkem. Ngomong
langsung xob, nek kon ancen wani. Kesimpulane, NEK KON PENGEN NYANGKEM …NYANGKEMO
KARO DRIJI. Sekian
No comments:
Post a Comment