Pages

Saturday, 1 June 2013

Jomblo Vs. Single

Haloooooooooo... Kon saiki lapo, mblo? Merenungi nasib ta? Salae dadi jomblo. Mangkane golek pacar. Cek ono sing ngejak malem mingguan. Opo? Aku yo jomblo? Sepurane yo, aku iki single, guduk jomblo. Kon ngerti bedone gak? Nek SINGLE iku S-I-N-G-L-E. Lah nek JOMBLO iku J-O-M-B-L-O. Gak..gak, guyon. Gelem ae digobloki wong goblok-___- Naaah, nang Malem Minggu sing cerah membahana ulala cetar iki aku kate bahas bedane SINGLE karo JOMBLO. Lumayan kan sing jomblo, sing single kene tak kancani.. Monggo have fun bareng-bareng xob..

Kabeh wong iku nganggepe Jomblo karo Single iku podo. Padahal lohyo, wes jelas...tulisane seje, carane moco yo seje. Saiki sing gak pinter sopo? Saiki, aku kate mbahas bedane Jomblo karo Single MENURUTKU! Dadi, lek kon kate protes, komeno tak ke'i alamat omahku ayo tukaran bareng.


Pertama, bahas Jomblo sek ae, cek enak. Jomblo iku nduweni arti sing akeh. Iso dadi dewean karo gak payu. Tapi nek jareku, artine jomblo iku mek siji. Gak Payu. Dadi kon-kon kabeh salah omong nek kon nyeluk awakmu dewe JOMBLO-JOMBLO BAHAGIA. Soale gak ono wong sing gak payu iku bahagia. Ono palingo yo mek siji loro-an lah. Tapi ojo mikir awakmu goblok nek misale ngomong kon iku JOJOBA. Biasane (akeh-akehe seh) JOJOBA iku koncone akeh. Dadi mesti seneng nang ndi ae. Gak selamane sisan jomblo iku uripe nelongso, gak enak. Allah iku adil. Jomblo iku guduk wong sing gak pantes ngincipi enake dunyo. Dadi, jomblo iku sakjane luwih akeh senenge timbang sing wes duwe pacar.


Terakhir, Single. Didelok teko kata-katane ae wes koyo wong Inggris. Single nek dibandingno karo Jomblo, (JAREKU LOHYO) luwih dukuran Single. Sakjane artine podo ae. Tapi single iku lebih nang "Gurung dike'i pasangan sing cocok", seje karo jomblo sing "Gak payu". Tapi yo sak karepmu sisan kate nyeluk kon dewe iku Jomblo ta Single. Nek aku sehh...nyeluk aku dewe Karima. Soale jenengku Karima.


Naaaaaaah, dadi ikulah sing mbedakno JOMBLO karo SINGLE. Tapi yo ono sing podo teko JOMBLO karo SINGLE. Iku.....PODO-PODO WEDI KARO MALEM MINGGU. Ngahahahahahahahahaha :D Wong-wong biasane wedi Malem Jum'at Kliwon, Malem Jum'at Legi. Lah iki tambah wedi karo malem Minggu. Podo koyo ibukku. Wedi karo malem Minggu. Kon ngerti gak lapo? Soale nek malem Minggu iku mall-mall podo rame, terus antri gawe parkir iku lak dowo. Dadi bensin-e gampang entek kan? Nah iku sing ibukku gak seneng. Yoweslah, gawe kon-kon kabeh sing durung duwe pacar, TAK DUNGANO CEK LANG CEPET ENTUK PACAR. Terus lek wes entuk pacar, ojo lali karo aku. Lek kon lali karo aku, TAK DUNGANO KON CEPET PEDOT KARO PACARMU IKU MAU. Bye!

No comments:

Post a Comment