Kon ngerti gak xob? UKK-ku mari loooooohhh>< Akhire iso sante dilut, soale remidi wes nang ngarep moto. Kon-kon kabeh iki pasti wes kangen karo aku. Iyo kan? Ngaku ae. Aku gapopo kok nek kon kangen karo aku. AKU YO KANGEN KARO KON, XOB!! :* Wes pirang minggu aku gak curhat? Seminggu-an yo? Yoweslah, cek kon gak kangen, ikiloh aku duwe sesuatu gawe kon......
4L@Y kon pasti gak asing karo tulisan iki? Yo kan? Gak usah munafik, cuk. Aku biyen yo tau alay. Gak kabeh negoro duwe bahasa koyo wong Indonesia jeh. Lapo kon atek isin? Sok-sokan ngilokno "Ewh, arek alay nggilani", padahal biyen yo tau alay. Owl City ae sampe ngetweet nggawe bahasa alay..
Nah iku xob. Saiki aku takon yo, jawaben sing temen. Lapo arek alay iku mesti dibully? Mesti diilokno. Sing elek-elek. Kon loh yo padahal biyen dadi arek alay. Kon mangkel kan nek misale kon diilokno? Yo ngono rek, kon iku wes gede. Pikiranmu yo sakjane dewasa titik -gausah akeh2- lah. Kon ojo ndelok alay teko sudut pandangmu. Deloken teko sudut pandange arek alay sisan. Alasanku ngomong ngene iku yo..aku gak kepingin gara-gara alay ae, dadi gak boloan. Menungso iku makhluk sosial. Guduk makhluk tuhan yang paling seksi. Kecuali aku. Aku ancen seksi. Opo kon gak terimo ta? Maju kene. Oke, wes buyar. Yo koncoan moso pilih-pilih? Kan gak etis, mek gara-gara arek alay, gak duwe konco. Remaja 2013 iku duwe gaya bahasa dewe rek. Yo podo koyo wong taun 80'an. Bahasane sing rodo....angel wocoane ikuloh. Yo podo, cuma arek alay luwih modern ae. Dadi kon yo kudu ngregani wong alay rek. Kon lek gak terimo karo iki, ayo gelut! SALAM 4L@Y, sekian.


No comments:
Post a Comment