Pages

Friday, 31 May 2013

Sejarah

Saiki kan musim-musime kate UAS SMA, cek sawangane rajin, aku kate ngomongno masalah salah siji pelajaran nang sekolahku..

Iki melbu nang daftar pelajaran senengane konco-koncoku. Masio nggarai ngantuk, konco-koncoku yo sek pancet seneng karo pelajaran iki. Kon weruh iki pelajaran opo? Iki iku pelajaran Sejarah. Sejarah iku pelajaran paling mboseno. Ngerti ta kon kok aku iso ngomong ngene? Soale......kon tau gak ngerungono lagu Masa Lalu? Tau kan. Nah iku salah siji lirike unine "Masa lalu, biarlah masa lalu". Lah Sejarah iku pelajarane kan bahas-bahas sing biyen-biyen. Podo karo, misale kon duwe pacar, terus putus, terus kon gaisok move on. Mesti flashback. Yoiku! Dadi Sejarah iku sakjane gak apik gawe arek-arek enom taun 2013. Wes ngerti gak iso move on teko pacare, ditambahi flashback nang jaman kerajaan Yunani Kuno. Yo nek misale pacarmu iku Zeus, baru nyambung. Nek pacarmu Temon..lakyo gak nyambung. Eh sek, Zeus iku Yunani ta Roma? Mboh wes.


Tapi Sejarah sing diajarno nang sekolahku iku sawangane enak. Guruku jenenge Pak Mulyono (sak elingku loh yo). Nah seminggu iku, wayahe Sejarah mek 1 jam pelajaran. Opo maneh Sejarah iku nang dino Jum'at. Dadi kan sakjane nek 1 jam pelajaran iku podo karo 45 menit, nah nek dino Jum'at iku mek 30 menit. Pasti kon wes mikir nek 30 menit iku suwi kan? KON SALAH XOB! Pak Mul iku lek teko mesti telat. Palingan yo 15 menit sawise jam ganti pelajaran. Kan sisane mek 15 menit. Nah, wonge iku nek ngomong rodo suwi. Dadi nek ngabsen ngentekno 10 menit. Sisane mek 5 menit. Bayangno ae, 5 menit iku wes entek gawe ngomong "Assalamu'alaikum". Surgo kan?? Yo tapi ngono, nek wonge betmut, moro-moro langsung ulangan ae-__- Kan aku yo gak tau sinau, dadi yowes...ngerepek dadi cara terakhir cek oleh biji apik masio duso. Halah kapan maneh iso ngerepek pas ulangan?


Tapi sakjane aku yo sakno karo gurune. Atiku sing separuhe yo seneng. Dadi aku dilema. Mbohlah. Gawe kon-kon kabeh sing duwe guru Sejarah guduk koyo guruku, MPLOKEN IKU SEJARAH! NGGARAI KON TAMBAH GAK ISO MOVE ON TEKO MANTANMU! RASAKNO IKU! Sekian.

No comments:

Post a Comment