Nek iku mau aku mek kopipaste tekan tumblr. Saiki aku kate cerito. Gelem ngerungono yo alhamdulillah, gak gelem yo..innalillah..
Mau, kan wes mulih sekolah. Tapi aku karo konco-koncoku sek dulinan nang ngisore cagak gendero. Sakjane yo gak dulinan. Tapi mek buntu ngono ae. Nah, timbang buntu berjamaah, akhire koncoku ngejak dulinan Uno. Ngerti kan Uno? Gak ngerti ndeso. Sing main iku wong akeh. Tapi yo gak sampe sak deso-__-. Wes kan, kabeh wes dibagi. Ketepakan kartuku apik-apik kabeh. Ndilala nang tengah dalan, ono wong nyeluk-nyeluk "Sayang". Tak kiro yo mek guyon tok. Pas aku noleh, tibake guru wes tuwek mlaku. Dafuq, nggapleki kan? Coba nek kartuku elek-elek, pasti gak kepek-_- Sing luwih nggapleki maneh, Uno-ne disita. Gak masalah wedi karo hukumane seh, cuma aku mikir ae. Uno-ne koncoku iku mau gambare Cars. Eroh Cars kan? Nah yoiku, gurune ngamuk-ngamuk gak masalah. Wedine nek moro-moro guru iku mau mikir "Wes SMA, dulinane UNO, gambare Cars sisan". Lakyo aku ngeroso terhina, kotor, rusuh, mboh sekarepmu. Tapi yo sakjane aku gak ngurus, soale Uno iku guduk wekku.__.v
Dadi, gawe kon-kon kabeh, nek kepingin main Uno, ojo main nang lapangan. Opo maneh nang ngisore cagak gendero. Mending dulino nang ngarepe gurune. Sekian
cooooo:'))) terharuuu w!
ReplyDeletehm
ReplyDelete