Akulooh gak ngerti, opo alasane Pak Juned gak ngetik Bahasa nang pilihan penjurusan. Lakyo repot. Ngono ngomonge Bahasa gak ono sing minat. Lah gak ditulis, yaopo aku iso weruh? Dikiro aku Pak Tarno? Nek aku Pak Tarno yo aku...gak sekolah. Wis pinter kok. Yo gak?
Durung maneh guru2 nek ceramah. SAK ENAKE DEWE. Padahal wonge iku yo gaero, karepe arek2. Kan karepe menungso seje2? Dikirone kabeh podo. Lah podo2 mangan sego soale. Sakjane luwih apik nek guru2 sakdurunge ngajar, sinau sek nang wong pinter. Cek ngerti opo isi atine arek2, karepe arek2, sak-kabehe arek2. Moso iyo wonge langsung "ngerti" arek2? Setaun durung jangkep. Aku ae kadang2 lali karo jenenge koncoku dewe. Pelajaran opo maneh. Elinge yo mek sing enak2 tok. Lapo sing gaenak dieling-eling. Gak gunaaa yo!
Terus yo, 2013 dadi taun terkenale TMT (Temen Makan Temen) (Friend Eat Friend). Yo boso jowone Konco Mangan Konco. Sakjane aku yo gak ngerti. Karepe TMT iku opo. Padahal lohyo, kabeh menungso mangan sego. Koncoku yo mangan sego. Mboh maneh nek misale konco2ku wes dadi kanibal. Coba2 mangan daginge menungso. Sangar kan? Aku gaiso mbayangno nek wong sak dunyo iki TMT.Padahal aku dewe yo seneng ngomong TMT. Aneh kan? Tambah sing luwih nemen iku KORDES. Bayangno rasane nek awakmu diilokno KORDES (Korak Desa). Ero? Loro pol pek. Iku isih mending timbangane, wes diilokno KORDES terus raine yo wes mendukung dadi KORDES. Iku guduk aku. Sumpah loh.
Nah, wes enak2 nulis akeh, moro2 modeme Lost Connection. Mangkel gak awakmu? Nek ngomong gak mangkel pasti mbujuk. Aku ero, awakmu mbujuk kan?
No comments:
Post a Comment