Pages

Thursday, 30 May 2013

Kartu nang Kelasku

Aku bingung rek. Saiki enake bahas opo yo? Engg.....yaopo nek bahas KARTU SING ONO NANG KELASKU ae? oke kan?

Nang kelasku iku...iso diomong nggone Rojone Kartu. Kon ngerti gak kok iso aku ngomong ngene? Soale, kon golek kartu opo ae nang kelasku ono. Kartu ATM ae loh yo ono. Tapi sing paling eksis iku yo mek UNO, REMI, karo DOMINO. Ojo golek kartu tarot yo rek-__- Oke, tak bahas siji-siji cek lego..

1) UNO
UNO, artine siji. Ojo takon opo urusane siji karo kartu. Soale aku yo gak ngerti. Kon kan yo sek iso googling UNO iku rupane yaopo. Sing pertama kali nggowo UNO nang kelas iku aku lali (asline gak ngerti) sopo. Naaaaaah, pertama kali main UNO iku, gak kepek karo guru. Pas nggawe UNO Cars, mboh kok iso langsung kepek. Terus dirampas. Balak paling yo? Lek menurutmu yaopo?
Sakjane sing dadi masalah guduk gambare, tapi sing main. MAYORITAS AREK LANANG NANG KELASKU MAIN UNO CARS. Rasane rodo nggapleki ancen. Tapi yo gapopo lah, areke seneng ae kan..

2) REMI
Nek iki pasti wes ngerti kabeh kan? Kartu sing jumlahe 52 ikuloh. REMI nang kelasku rodo sepi peminat. Palingan yo sing main mek 5 wong. Ikupun dulinane Poker. Aku gaiso poker, dadi aku gatau melu main. Sakjane gak penting sisan yo kon ngerti aku iso poker opo gak..

3) DOMINO
Minggu-minggu iki DOMINO dadi artis dadakan. Nek UNO sing main lanang kabeh. Sing main DOMINO malah akeh-akehe arek wedok. Kuwalik kan sakjane? Dadi wedoke rodo medeni nek pas main DOMINO. Ono sing medongkrong lah, kan medeni? Raine serius kabeh, wes ngalah-ngalahi preman pasar sing nagih setoran.

Masio kartune seje-seje, kabeh sek sehati kok. Yo gak xob?

No comments:

Post a Comment