Well to the well well well. Awakmu kabeh pasti tau selfie. Bacut nek ora ngerti selfie..
DO
1) Gausah Neko-Neko
Selfie ga dituntut ayu opo ganteng keleees. Penting awakmu seneng. Selfie iku gausah neko-neko. Kumus-kumus yo oke oke ae^^
2) Ojo dadi Banci Socmed
Kadang ono sing ben mari selfie langsung upload nang insta, path, twitter, facebook, tumblr, pinterest, sampe nang nyunyu.com. Iku nggarai wong ilfeel galss. Opomaneh labels opo tag-e uakeeeeeeeeeh. Beeeh, mentolo ngaploki..
3) Sopan
Nah, iki kudu dilakoni karo kabeh wong. Selfie iku sing sopan. Cek ketok nek awakmu beradab. Ojo umbar-umbar aurat. Duso gaaalsss!!
DONT
1) Foto Nggawe Efek Sweet Cam 360
Duh, paling males ndelok selfie editane cam 360. Efeke nek ga sweet yo jelly. Pokoe sing dadine putih. Iku wes terlalu menstrim keleeess. Nggawe gebrakan baru pooszeeh...
2) Foto Nang Ngarep Mobil
Big ewwh gawe sopo ae sing foto nang ngarep mobil. Bukane iri, cuma kon terlalu sombong nek foto nang ngarep mobil. Tuku mobil nggawe duit bapak ae kan? ;))
3) Dikei Tulisan Gajelas
Sawangane yaopo ngono nek ndelok editan foto sing ono tulisane..
Iki ga gawe nyindir. Iki mek saran gaals. Gelem yo dicoba, gagelem yo wocoen ae^^
Wazowsabil
Pages
Saturday, 8 February 2014
Do karo Don't (Edisi Galau)
Assalamu'alaikum. Saiki taune wes anyar, kabeh anyar, tapi kok awakmu pancet galau? Nah iki do karo dont gawe awakmu sing galau!!
DO
1) Ngetweet Galau
Kon nek galau, kudu akeh-akeh NGETWEET GALAU!!! Nek perlu sampe koncomu ono sing nge-report as spam awakmu! Nek awakmu wes ngetem nang tl, terus update galau, koncomu nang sekolah mene isuk pasti podo komentar, terus misuhi awakmu gara-gara awakmu galauan. Nah, maringono awakmu pasti isin, terus gatau ngetweet galau maneh. Akhire lali karo opo sing nggarai awakmu galau^^
2) Ndungo
Ndungo iku cara paling ampuh. Kon kudu khusyu nek ndungo, cek cepet dikabulno. Tapi ndungone ojo nang tl.....
3) Mangan Sing Akeh
Gawe sing awake lemu, ora usah wedi dadi tambah lemu. Nek galau iku pasti mikir, nah mangano sing akeh cek warek. Terus lali lapo galau...
4) Seneng - Seneng karo Konco
Galau ojo meneng ae. Mbolang karo koncomu. Dulin nang omahe koncomu yo iso. Nek perlu dulin Flappy Bird karo misuh-misuh opo karo moco istighfar. Karaoke lagune Metallica. Iku yo iso gawe ngilangno galau..
DONT
1) Nyetel Lagu Galau
Duh, ojo sampe awakmu ngelakoni iki. Sampe gajah beranak, galaumu gabakal mari kelees. Dadi keep calm and listen to Metallica!!
2) OJO NGELAMUN!
Ngelamun iku faktor utama sing nggarai wong kesurupan. Opomaneh pas galau. Iso-iso kesurupan bayang-bayang mantan kon....
Nah..nah..nah...iku ae kelees. Dadiii nek galau, ojo lali ndungo^^
Sunday, 29 September 2013
Kombek nang Blog!!
Halooo.... Wes suwi gak ketemu aku. Sepurane yo rek, sibuk. Biasa, arek IPA garapane akeh (masio nyontoh kabeh, penting mari). Wes pirang ulan aku vakum nang blog iki? Humm...gawe kombek nang blog iki enake bahas konco-koncoku sing saiki ae yo...
Mari teko kelas X-5 sing areke kon weruh dewe....rodo gendeng. Sakjane wes ga rodo maneh, ancen gendeng. Opomaneh sing nulis blog iki. Gendeng pindo. Oke, sakjane aku sek gaiso moveon sepenuhnya teko X-5. Tapi yaopo maneh, kudu dipekso moveon. Nek gak moveon - moveon modar uripku. Nah, saiki aku melbu nang kelas XI-3 / XI-C / XI-A3. Saking akehe jenenge, aku bingung kudu nulis sing endi nang kertas ulanganku. Tapi yo gurune gak ngurusi sisan nek aku nulise gonta-ganti.
Saiki...bahas lokasi kelase sek yo rek. Kelasku iku nang pojok, adem, ngarepe Green House (ojo kepo opo iku Green House yo). Kipase ono 2, masio kadang-kadang sumuk tapi yo sek keroso isis. Yo kon iso dewe lah mbayangno rupane kelasku. Untunge koncoku sing saiki resikan. Dadi kelase mesti resik. Huuuh, aku terharu...
Akhire tutuk nang bagian senenganku. Kenalaaaaaan >,< *dikidaw*. Murid nang kelasku jumlahe ono 40, wis termasuk aku. Nang kelasku sing suarane paling "MERDU" ono 3, lemu-lemu kabeh sisan. Biasane diceluk Trio Macan. Anggotane ono Indah,Icha, karo Ambun areke enak-enak, tapi yo sing gak nguati iku nek dulinan. Astaghfirullah-__-v
Terus ketua kelasku jenenge Bagas, areke kocomotoan, kuru pol, aku sampe iri karo awake. Wakile yo Indah iku mau. Sekretarise ono Taylor Swift a.k.a Karima Zansabil sing paling unyu karo Icha^^ Arek basket iku wah. Bendaharane ono Nawir Fikri, abas, tapi wes duwe pacar. Terus Inta Diananda, lungguhe pas mburiku, kudungan, arek TH, pacare arek Pramuka. Konco sak bangkuku iku Lia, bekas konco X-5-ku biyen. Saiki sak mene ae yo, pegel aku nulis akeh-akeh. Cpk sm km. Suwuuun *smooch*

Subscribe to:
Comments (Atom)