Pages

Saturday, 8 February 2014

Do karo Don't (Edisi Galau)

Assalamu'alaikum. Saiki taune wes anyar, kabeh anyar, tapi kok awakmu pancet galau? Nah iki do karo dont gawe awakmu sing galau!!

DO

1) Ngetweet Galau
Kon nek galau, kudu akeh-akeh NGETWEET GALAU!!! Nek perlu sampe koncomu ono sing nge-report as spam awakmu! Nek awakmu wes ngetem nang tl, terus update galau, koncomu nang sekolah mene isuk pasti podo komentar, terus misuhi awakmu gara-gara awakmu galauan. Nah, maringono awakmu pasti isin, terus gatau ngetweet galau maneh. Akhire lali karo opo sing nggarai awakmu galau^^

2) Ndungo
Ndungo iku cara paling ampuh. Kon kudu khusyu nek ndungo, cek cepet dikabulno. Tapi ndungone ojo nang tl.....

3) Mangan Sing Akeh
Gawe sing awake lemu, ora usah wedi dadi tambah lemu. Nek galau iku pasti mikir, nah mangano sing akeh cek warek. Terus lali lapo galau...

4) Seneng - Seneng karo Konco
Galau ojo meneng ae. Mbolang karo koncomu. Dulin nang omahe koncomu yo iso. Nek perlu dulin Flappy Bird karo misuh-misuh opo karo moco istighfar. Karaoke lagune Metallica. Iku yo iso gawe ngilangno galau..

DONT

1) Nyetel Lagu Galau
Duh, ojo sampe awakmu ngelakoni iki. Sampe gajah beranak, galaumu gabakal mari kelees. Dadi keep calm and listen to Metallica!!

2) OJO NGELAMUN!
Ngelamun iku faktor utama sing nggarai wong kesurupan. Opomaneh pas galau. Iso-iso kesurupan bayang-bayang mantan kon....


Nah..nah..nah...iku ae kelees. Dadiii nek galau, ojo lali ndungo^^

No comments:

Post a Comment