Pages

Sunday, 29 September 2013

Kombek nang Blog!!

Halooo.... Wes suwi gak ketemu aku. Sepurane yo rek, sibuk. Biasa, arek IPA garapane akeh (masio nyontoh kabeh, penting mari). Wes pirang ulan aku vakum nang blog iki? Humm...gawe kombek nang blog iki enake bahas konco-koncoku sing saiki ae yo...

Mari teko kelas X-5 sing areke kon weruh dewe....rodo gendeng. Sakjane wes ga rodo maneh, ancen gendeng. Opomaneh sing nulis blog iki. Gendeng pindo. Oke, sakjane aku sek gaiso moveon sepenuhnya teko X-5. Tapi yaopo maneh, kudu dipekso moveon. Nek gak moveon - moveon modar uripku. Nah, saiki aku melbu nang kelas XI-3 / XI-C / XI-A3. Saking akehe jenenge, aku bingung kudu nulis sing endi nang kertas ulanganku. Tapi yo gurune gak ngurusi sisan nek aku nulise gonta-ganti.


Saiki...bahas lokasi kelase sek yo rek. Kelasku iku nang pojok, adem, ngarepe Green House (ojo kepo opo iku Green House yo). Kipase ono 2, masio kadang-kadang sumuk tapi yo sek keroso isis. Yo kon iso dewe lah mbayangno rupane kelasku. Untunge koncoku sing saiki resikan. Dadi kelase mesti resik. Huuuh, aku terharu...


Akhire tutuk nang bagian senenganku. Kenalaaaaaan >,< *dikidaw*. Murid nang kelasku jumlahe ono 40, wis termasuk aku. Nang kelasku sing suarane paling "MERDU" ono 3, lemu-lemu kabeh sisan. Biasane diceluk Trio Macan. Anggotane ono Indah,Icha, karo Ambun areke enak-enak, tapi yo sing gak nguati iku nek dulinan. Astaghfirullah-__-v


Terus ketua kelasku jenenge Bagas, areke kocomotoan, kuru pol, aku sampe iri karo awake. Wakile yo Indah iku mau. Sekretarise ono Taylor Swift a.k.a Karima Zansabil sing paling unyu karo Icha^^ Arek basket iku wah. Bendaharane ono Nawir Fikri, abas, tapi wes duwe pacar. Terus Inta Diananda, lungguhe pas mburiku, kudungan, arek TH, pacare arek Pramuka. Konco sak bangkuku iku Lia, bekas konco X-5-ku biyen. Saiki sak mene ae yo, pegel aku nulis akeh-akeh. Cpk sm km. Suwuuun *smooch*

No comments:

Post a Comment