Alhamdulillah, tomorrow will be the best day ever for
Muslim. Zansabitch wanna say sorry for all of you guys, my lovely readers. I
know I have really really bad attitude, but just believe me, I’m just kidding
for all of this. I just wanna see you laugh out loud when you guys read my
blog. Thanks for understand me. I love you guys who love me and who hate me.
Wes Inggrisane rusak. Salah grammar gak ngurus^^ Monggo sopo
sing kate ngoreksi ndang di komen. Let’s back to the business everyone! Nah,
mene riyoyo, bengi iki aku kate bahas kebiasaan pas kate opo pas wes riyoyo
sing pasti kon kabeh bakal kaget. Masio kon gak kaget, pura-pura kaget ae, cek
aku seneng, oke? Oke, monggo diwoco…
1) Sungkeman.
Hayo ojo ngaku dadi arek kece nek kon gak tau sungkeman. Njaluk sepuro nang
sing luwih tuo. Aku tau xob. Sakjane aku bingung, sing kudu diomongno pas
sungkeman iku opo. Dadi aku mek meneng ae, bapak karo makku sing ngomong. Masio
kon gak tau ngomong pas sungkeman, penting sungkeman ae, xob *eh
2) Blonjo
Klambi Anyar. Wosh, nek iki gausah takon. Aku yo tuku! Nek wes seminggu
kate riyoyo mol-mol podo rame. Menungso kabeh isine. Padahal nek tak
piker-pikir, kon lohyo gak mungkin setaun sisan tuku klambi anyar. Yokan?
Palingan yo seminggu sisan (mek sing sugih). Dadi pas wingi aku nge-mol nang
salah siji mol, aku gak tuku klambi. Kon ero aku tuku opo? Underwear (sawangane
kate ngomong beha sungkan)-___-
3) Resik-Resik
Omah. Bener kan? H-2 kon pasti ngewangi makmu gawe ngeresiki omah. Dadi nek
misale kon dikongkon makmu ngeresiki omah (pas gak riyoyo) ojo gelem. Warao
“Mi, beres-beresnya entar aja. Pas mau lebaran”. Nek kon gak diusir teko omah,
paling yo jenengmu dihapus teko KK.
4)
Panganan.
Jajan toplesan wes diborong. Kon ero? Sing paling akeh disuguhno iku Khong
Guan (aku gaero tulisane). Padahal aku bosen karo jajan iku. TAPI, kon ojo
terkecoh disek. Biasane nang njerone blek, duduk jajan asline, tapi RAMBAK! Keh
fine, Khong Guan dipalsu! Awas, jare Indonesia rawan bajakan? Tapi yo gak blek
dibajak sisan-__-
5)
Sangu.
Dompet wes jerit-jerit seneng kate diiseni maneh. Kon wes siap-siap kabeh ta
nggowo dompetmu? Tapi saiki rodo mangkel aku nek bahas sangu. Biyen pas sek
cilik sing nyangoni ngomong, “Besok kalo sudah besar, sangunya ditambahin”. Oke
aku percoyo. Nah saiki wes SMA sangune
sek pancet. Protes iku wes wajar kan? Gak trimo bos, di PHP. Sing
nyangoni gampang xob nek nyauti, “Kalo udah besar, sangunya gausah banyak2.
Dikasihin ke adeknya”. Who the fuck sing gak mangkel? Kon podo gak karo aku?
Sakjane sek akeh, cuma aku capek. Dadi…Minal Aidzin wal Faidzin gawe kon-kon kabeh. Gawe konco TK, SD, SMP, karo SMA-ku, sepurane xob nek aku duwe salah karo kon-kon kabeh. Luvyu gaeeessss *cipokzz*
Xoxo,
Zansabitch
No comments:
Post a Comment